Discover millions of ebooks, audiobooks, and so much more with a free trial

Only $11.99/month after trial. Cancel anytime.

Mekaring Kembang Tresna
Mekaring Kembang Tresna
Mekaring Kembang Tresna
Ebook164 pages1 hour

Mekaring Kembang Tresna

Rating: 0 out of 5 stars

()

Read preview

About this ebook

Ini adalah novel berbahasa Jawa, yang merupakan kisah lanjutan dari novel “Ati Dudu Watu” oleh penulis yang sama. Jika di dalam sekuel sebelumnya alur utama berpusat pada KRT Nindya Kusuma dan Sulistyaningsih menantunya, pada sekuel Mekaring Kembang Tresna ini kisah berpusat pada Raditya, satu-satunya cucu darah Eyang Nindya, yang digadang menjadi penerus silsilah keluarga. Meski Raditya memilih tinggal bersama Kakek Nenek dari garis ibu di dusun wilayah Cangkringan, Sleman. Tetapi Eyang Nindya dan Sulistyaningsih tidak merasa kesepian. Sebab keluarga pak Parja sopir dan abdi keluarga itu telah direngkuh seperti keluarga besarnya sendiri. Kedua anak Pak Parja, dibiayai kuliah hingga menikah bahkan Eyang Nindya membuatkan rumah untuk kedua putra putri pak Parja di belakang dan sebelah rumah eyang Nindya sendiri. Lahirnya Mentari, cucu pak Parja juga menjadi hiburan pengganti keberadaan Raditya bagi Sulistyaningsih.

Raditya telah tumbuh dewasa dan mengenal cinta. Ia berpacaran dengan adik kelasnya di Fakultas Ekonomi UGM. Miranti, gadis lincah dan easy going dari Karangmojo, Gunungkidul ini menjalin cinta ceria bersam Raditya, si darah biru yang pendiam. Bahkan hubungan pacaran mereka telah memasuki jenjang pertunangan. Namun, siapa yang tahu ke mana arah alur kehidupan. Di saat status pertunangan ini, Miranti justru terpeleset dalam pergaulan yang berlebih dengan laki-laki lain hingga mengandung.

Di tengah rasa kecewa di hati Raditya, Mentari menerima pesan whatsapp dari Miranti yang menimbulkan kebingungan sekaligus kebahagiaan bagi Mentari, Sulistyaningsih bahkan seluruh keluarga besar Eyang Nidnya Kusuma.

LanguageJavanese
PublisherGarudhawaca
Release dateJan 16, 2024
ISBN9786234220858
Mekaring Kembang Tresna
Author

Bambang Saparyono

Bambang Saparyono, lahir di Sleman, 6 Oktober 1957. Alumni Fakultas Farmasi UGM (83) dan Magister Manajemen Pelayanan Kesehatan Dasar dari Mahidol University, Thailand (1993). Mengabdi di Kementerian Kesehatan (sampai 2000) dan Pemerintah Kota Yogyakarta (hingga 2013). Bambang juga pernah bekerja sebagai dosen tidak tetap di beberapa lembaga pendidikan kesehatan. Selepas pensiun beberapa waktu, Bambang kembali menyibukkan diri dengan mengabdikan dirinya sebagai abdi dalem Keraton Kasultanan Yogyakarta.Rasa cintanya pada budaya dan bahasa Jawa mendorongnya untuk menulis dalam bahasa Jawa terutama melelui media sosial. Ia menulis berbagai bentuk karya baik geguritan maupun gancaran (prosa) berbahasa Jawa. Ati Dudu Watu adalah novel Jawa pertama yang ia terbitkan.

Reviews for Mekaring Kembang Tresna

Rating: 0 out of 5 stars
0 ratings

0 ratings0 reviews

What did you think?

Tap to rate

Review must be at least 10 words

    Book preview

    Mekaring Kembang Tresna - Bambang Saparyono

    Ki Bambang Saparyono

    Mekaring Kembang Tresna

    GARUDHAWACA

    MEKARING KEMBANG TRESNA

    Penulis:

    Ki Bambang Saparyono

    Penyunting:

    Ahmad Jalidu

    Layout & Desain Cover:

    Jalu Sentanu

    13 x 19 cm ; v + 175

    ISBN 978-623-422-085-8 [PDF]

    Desember, 2023

    PENERBIT GARUDHAWACA

    Sleman, D.I. Yogyakarta

    https://penerbitgarudhawaca.com

    @Hak Cipta 2023 pada penulis,

    Hak cipta dilindungi undang-undang. Dilarang memperbanyak sebagian atau seluruh buku ini dalam bentuk apapun, baik secara elektronik maupun mekanik, termasuk memfoto copy, merekam, atau dengan sistem penyimpanan lainya, tanpa izin tertulis dari penerbit.

    Linambaran Tresna,

    Novèl Basa Jawa iki daktulis, kanggo:

    Sigaraning nyawaku, kinasih Ismaryani;

    Semangatku Nikka, Diamond, Emmy, Tommy, Siwi lan Era;

    sarta kabèh pandhemen Basa Jawa

    Ki Bambang Saparyono

    Atur Sapala

    Puja-puji pangastuti lan agunging panuwun konjuk Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT, kang wis paring kekuwatan lan kalodhangan kanggo nulis Mekaring Kembang Tresna. Crita ing buku iki mujudaké pérangan loro saka Dwilogi Tresna, déné kang pérangan siji ana ing buku sadurungé, Ati Dudu Watu.

    Crita iki mung karangan dudu kanyatan. Yèn ana jeneng, papan utawa kedadéan kang mèmper utawa padha, ya mung kebeneran waé.

    Ancas tujuwan panulising crita iki, péngin nguri-uri lan nglestarèkaké Basa Jawa, sarta sinau matrapaké Basa Jawa ing sadhéngah papan lan swasana, klebu unggah-ungguhing basa. Ing pungkasaning buku, dikanthèni ‘glosarium’ kanggo nggampangaké pamaos.

    Gedhé panarimaku marang bojo, anak-anak lan putu-putu sing asring ditinggal éyang kakungé ‘dolanan’ laptop kanggo nulis crita iki.

    Mesthi waé akèh kekurangan ing tulisan iki, panyaruwé tansah dak-tunggu liwat layang elektronik ing alamat bambang.saparyonoka@gmail.com. Matur nuwun.

    Bambang Saparyono

    Daftar ISI

    Atur Sapala

    Kang Kawuri

    Kang Kawuri 2

    Ditampa Kuliyah

    Nampa Dhawuh

    Kenal Miranti

    Nyedhaki Ati

    Nanting Ati

    Dolan Bareng

    Tresna Ngrembaka

    Dadi Penggalihan

    Tresna Ngrembaka 2

    Miterang Sarasilah

    Napak Tilas

    Miterang Sesambungan

    Ketemu Guru

    Wisudhan

    Lintiran

    Diajak Nikah

    Alum Layu

    Pepisahan

    Mekaring Kembang Tresna

    Glosarium

    Penganggit

    1. Kang Kawuri

    Éyang Nindya, utawa jangkeping asma, KRT. Nindya Surya Kusuma, ora bosen-bosen anggoné mriksani kembang anggrèk ing taman buri. Senadyan kagungan mawarna-warna jinising kembang anggrèk, nanging jinis Dendrobium tetep isih dadi favorit. Mula, Dendrobium kang dadi klangenané. Warnaning kembang kang abang mbranang semu wungu, kaya bisa nambahi daya kekuwatan kanggo mbudidaya samubarang sanguning urip. Ya sangu kang asipat tata-lair, uga kang asipat tata-batin. Anggrèk Dendrobium werna abang semu wungu, kaya bisa wèwèh daya, amrih wani ngadhepi sagung reriduning urip, sarta kudu diadhepi kanthi adhedasar kawicaksanan.

    Kaya padatan yèn wayah soré, Éyang Nindya lenggahan ing gadri buri. Mung bédané saiki ora ana kang ngancani, ora kaya duk rikala ingkang garwa isih sugeng. Senadyan socané mriksani éndahing kembang anggrèk, ananging yektiné penggalihé lagi gorèh. Éndahing taman ing buri omah, ora bisa dadi tamba penggalihé kang lagi nandhang prihatin. Yuswa wis ngancik udakara wolung puluh lima taun, nanging durung katon trontong-trontong, sapa kang bakal bisa nglintir ngesuhi lan ngêndhalèni trah Surya Kusuma. Embuh, isih arep tekan umur pira olèhé bisa nyawang alam padhang iki. Apa isih bisa nyumurupi trah Surya Kusuma bali moncèr manèh ing sesrawungan agung, kaya duk ing uni. Kahanané isih prihatin.

    Penggalihé banjur nrawang adoh, marang lelakoning urip kang wis kawuri. Nalika semana Éyang Nindya ngasta kalenggahan pinangka dhirèktur bank dhaérah. Éyang Nindya iku, wayahé Raden Mas Surya Kusuma, kang isih klebu sentana dalem. Kagungan putra siji, Pranata Surya Kusuma kang dadi ASN ing Dinas Kebudayan. Pranata wis nikah karo Sulistyaningsih, kenya ayu saka tlatah Cangkringan, nanging wis nikah sepuluh tahun durung diparingi momongan. Kanggo nglestarèkaké sarasilah Surya Kusuma, Éyang Nindya nyarujuki pamrayogané ingkang garwa, supaya Pranata nikah manèh. Sekawit Sulistyaningsih banget anggoné nolak, nanging awit adreng pamundhuté Éyang Nindya, wekasané Sulistyaningsih sarujuk dimaru. Pranata sida nikah manèh karo Sekarsari, ya prunané Ibu Nindya dhéwé. Limang taun nikah karo Sekarsari, kanyata uga durung peputra. Sekarsari yektiné ora sreg dadi maru, tansah mbudidaya amrih Pranata megat Sulistyaningsih, kanthi cara nodhi Pranata, éthok-éthok njaluk pegat. Nanging Pranata jebul ngeboti Sulistyaningsih, malah megat Sekarsari temenan.

    Setaun sawisé Pranata megat Sekarsari, Sulistyaningsih mbobot. Pranata cubriya bayi sing dikandhut Sulistyaningsih dudu anaké, nanging merga dhemenan karo priya liya. Amarga, manut katrangané dhokter, sperma-né Pranata iku lemah gampang mati, mula angèl duwé anak. Nganti Raditya umur setaun, Pranata durung gelem ngakoni, yèn Raditya iku anaké, senajan asil tes DNA positif, malah uga ora ngrèwès marang Sulistyaningsih. Pungkasané Sulistyaningsih mulih menyang ndésa. Sekarsari sing wis dipegat, ngoyak-oyak Pranata kanthi cara alus, supaya megat Sulistyaningsih, nanging Pranata ora sarujuk, amarga wedi kelangan hak waris.

    Limang taun candhaké, nalika Pranata ngalami kacilakan mobil, Éyang Nindya ngersakaké Suli+styaningsih kang ngrawat. Sesambungan antarané Pranata lan Sulistyaningsih malah dadi apik manèh. Pranata uga wis gelem ngakoni yèn Raditya iku anaké. Nanging nalika Sulistyaningsih bali nyawiji karo Pranata ing dalemé Éyang Nindya, Raditya sing wis umur enem taun, trima ndhèrèk Mbah Kramadirya ing Cangkringan, dimong Yu Parmi.

    Manéka cara dilakoni déning Sekarsari amrih bisa misah antarané Pranata lan Sulistyaningsih, lan Pranata nikah karo dhèwèké, nanging tansah wurung. Éyang Nindya kang kagungan andhahan akèh, kanthi sesidheman bisa nglumpukaké bukti-bukti yèn Sekarsari kang ada-ada gawé cilakané kluwarga Surya Kusuma. Pungkasané, nalika Éyang Nindya nanting Sekarsari arep cara alus apa kasar, Sekarsari ngrumangsani yèn luput lan nyuwun pangapura marang Éyang Nindya.

    Éyang Nindya wola-wali unjal ambegan kang landhung, kelawan ngendika ing batin, Iku wis kawuri, mung kari dadi pangéling-éling, muga-muga waé bisa dadi piwulang becik.

    ***

    Éyang Nindya kagungan ahli waris loro, yaiku Pranata putrané, lan Raditya wayahé. Pranata, putra siji-sijiné kang sekawit digadhang bisa nerusaké sarasilah Surya Kusuma, sajaké ora pati greget marang sawijining perkara. Senadyan wis pènsiyun saka ASN, nanging ora katon ana greget upamané kiprah ing babagan usaha, spiritual, pawiyatan, ulah raga, seni utawa liya-liyané. Hobby utawa klangenan uga ora katon. Urip dilakoni kanthi mung kaya ngèli ing ilining banyu kali. Yèn banyuné mlaku ya mèlu mlaku, yèn banyuné mandheg ya mèlu mandheg. Kaya ora duwé greget nglakoni urip kanthi semangat kang mangulad-ulad. Éyang Nindya wis naté menggalih, apa bab iki merga piyambaké kang banget dominan ing kluwarga Surya Kusuma? Nanging ya durung mentala yèn arep nguculaké tanggung-jawabé kluwarga marang Pranata, kang kahanané isih kisruh terus. Bola-bali Éyang Nindya ndangu putrané lanang, nanging wangsulané durung gumathok.

    Piyé Pranata? Sawisé pènsiyun, apa ora duwé pepénginan kiprah ing sawijining perkara, upamané bebakulan utawa kagiyatan liyané? sawijining dina Éyang Nindya mundhut priksa marang putrané.

    Nyadhong deduka ingkang kathah, Rama. Sirah kula menika menawi kanggé mikir ingkang radi awrat lajeng mumet.

    O ngono. Lha ning apa iya, awakmu mung arep glundhang-glundhung mengkono kuwi terus?

    Lha kersanipun Rama, kadospundi? Kula kaliyan Dhik Sulistyaningsih inggih sampun wonten dana pènsiyun. Tegesipun, sampun boten perlu kuwatos malih, kanggé pagesangan saben dintenipun.

    Lha apa dana pènsiyunmu pinangka kepala sèksi lan Sulistyaningsih pinangka guru, wis cukup murwat karo kabutuhan urip?

    E e, janipun nggih dèrèng Rama. Pranata glagepan anggoné wangsulan.

    Pancèn yèn diwilang temenan, jan-jané ya ora cukup, pènsiyuné wong loro kanggo ngragadi kluwarga ageng Surya Kusuma. Iku uga kang ndadèkaké gumuné Pranata. Éyang Nindya pancèn nalika semana dadi dhirèktur bank dhaérah. Nanging apa ya pancèn gedhé bayar lan pènsiyuné dhirèktur bank dhaérah? Lha kok sasuwéné iki Éyang Nindya bisa nyembadani kabutuhané kluwarga Surya Kusuma kanthi cukup, ora kekurangan. Malah ora mung kuwi, klebu kluwargané Pak Parja, prasasat kabèh kang ngragadi ya Éyang Nindya.

    Karepku mono, yèn upamané ana krenteg arep usaha, bok menawa Rama bisa paring iguh pertikel utawa nggolèkaké pawitan liwat Bank. Bok menawa bank dhaérah isih kèlingan lan percaya marang aku.

    Matur nuwun sanget Rama, kersanipun dalem limbang-limbang rumiyin.

    "Ya sipat lan watak kang kaya ngono iku, kang asring gawé kucemé trah darah dalem. Banjur njalari ana unèn-unèn ing pasrawungan ageng yèn, bangsawan utawa

    Enjoying the preview?
    Page 1 of 1